
Wonten ing satengahing santeripun pengaruh budaya kilenan, sinengkuyung mekar ngrembakaning teknik komunikasi canggih, boten mokal bilih ing madyaning bebrayan dumados konflik antawisipun budaya kilenan lan budaya tradhisional, antawis pemikiran materialis lan idealis, antawis wawasan pragmatis–nominalis kaliyan kultural–tradisional. Menika ugi ingkang dumados antawisipun dhokter Dira Kusuma kaliyan seniman Arga Kusuma, putra-putranipun Pak Martajaya. Dredah lan cengkah rebut biada anggenipun badhe ngemonah bandha pusaka tilaranipun leluhur.
Dira Kusuma: Kena wae kok sebut adi luhung, asli, pusakaning bangsa, utawa sebutan idealis liyane. Nanging jaman iki wis owah. Cara mikir wis owah. Pola uripe bebrayan wis owah. Jaman iki wis ora gelem nampa samubarang kang nganggo cap tradhisional ala Mojopait.
Arga Kusuma: Aku nyangkul kuwajiban rumeksa lestarine pusaka iki, sarta ngrenggani kanthi anggitan lan rumpakan anyar kang bisa nyembuh keagungane budaya tilarane para leluhur. Nanging endi dalane sing bisa daktempuh?
Kados pundi babaring lampahan, pinanggih ing lembar-lembar buku menika.
Spesifikasi Buku

Irah-irahan: Pusaka
Penulis: Ki H. Suryadi W.S.
ISBN: 978-623-92704-6-9
Ukuran: 148 mm x 210 mm
Cacahing kaca: 170
Babagan Penulis:
Ki H. Suryadi W.S. − Lair ing dina Kemis Pon sasi September 1940. Satemene Sarjana Sanitasi lulusan Akademi Surabaya taun 1964, tau dikirim tugas belajar ing Training Officer’s Course Filipina (Mei-Nopember 1964), nanging nyambut gawene malah dadi guru Matematika ing SPG & SMEA Muhammadiyah Klaten minangka guru negeri (dpk.) nganti pensiun taun 2000. Embel-embel “Ki” ditampa saka masyarakat lan para wartawan nalika nyipta lan ndhalang Wayang Sadat ing taun 1986. Ngarang sastra Jawa wiwit ana SMA klas 2 taun 1958 (kamot ing majalah Kekasihku, Surabaya).
Bola-bali nggayuh juwara ing lomba penulisan, wiwit taun 1971 nganti 1990, kalebu novel Pusaka iki kang dadi juwara I lomba Novel Sanggar Triwidha, 1990. Buku-buku kang wis diterbitake: Selamat Belajar Putra Desa (Balai Pustaka, Jakarta, 1978); Wayang Nusantara (Penerbit Tiga Serangkai, Sala, 1980); Penganten (PKJT, Sala, 1980); Sintru (Puspa Pustaka, Surabaya, 1990); Mulih Ndesa (Buana Grafika, Yogyakarta, 2018). Tekan seprene isih nulis cerkak, cerbung, crita rakyat, lan kawruh agama ing majalah-majalah.

